Selasa, 14 Januari 2020

Materi tabuhan gamelan kelas XII

Gamelan


  Gamelan iku kagunan musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia mligi ing pulo JawaMaduraBali lan Lombok.[1] Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa ya iku "gamel" kang duwé makna "tabuh".[2] Isi gamelan iku saprangkat piranti musik kang dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan.[1] Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti AmérikaÉropah lan tlatah liyané.[1] Jinis musik tradhisional liya kang mèmper karo gamelan uga ana ing FilipinaMalaysia lan Suriname.[2]
Gamelan duwé melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis.[2] Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa.[2][butuh sitiran] Ing buku kang irah-irahané Music of JavaJaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan iliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.[2]
Gamelan kalebu pérangan ing kabudayan Jawa.[2] Ing Jawa gamelan lumrahé kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgitjogèduyon-uyon.[2] Jinisé laras ing gamelan ana loro ya iku laras pélog lan laras sléndro.[2] Saben sèt gamelan duwé instrumén kanggo laras pélog lan sléndro.
Jenis Gamelan
Jenis gamelan warna-warna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé gamelan didhisiki karo budaya Hindhu-Buda kang ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa pencatatan sajarah, kang uga makili kagunan asli Indonésia [5]. Instrumené dikembangaké kanthi dhapuré kaya mangkéné iki ing jaman Karajan Majapahit [5]. Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan ya iku kepriyé cara nyanyikaké [5]. Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Sakadéwa kang nguwasani kabèh tanah Jawa, kanthi pura ing gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu[5]Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para déwa [5]. Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé iku dumadi set gamelan [5].
Alat-alat Gamelan

  • Kendang.
  • Bonang.
  • Bonang Penerus.
  • Demung. Dari Kanan, Demung, Saron, dan Peking. Saron.
  • Peking (Gamelan)
  • Kenong & Kethuk.
  • Slenthem.
  • Gender.
  • Gong.
  • Gambang.
  • Rebab.
  • Siter.
  • Suling
  • Kempul.
Sejarah Gamelan
Musik gamelan duwé sajarah kang tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindhu lan Buda ing Nusantara. Mliginé nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindhu kang banjur kagubah déning Sunan Bonang.[butuh sitiran] Kagunan perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentonganrebabtepukan tutuk saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.
Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan piranti musik kang digawé saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwé rong puteran ya iku sléndro lan pélog. Sléndro duwé limang nada saben oktaf ya iku 1 2 3 5 6 [C-D E+ G A]. Nadha slendro duwé interval kang kacèké mung sithik. Déné pélog duwé 7 nadha saben oktaf ya iku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E-F# G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akèh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumahtok, ya iku gamelan ana rong puteran lan duwé pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan piranti musik perkusi ya iku piranti musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan ingkang dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken déning Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, déwa ingkang mandhégani sadaya Tanah Jawa, kaliyan pura ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong kanggé ngundang arwah déwa-déwa, lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, balung kéwan. Nalika ing jaman modhèren sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi prosès indhustri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningansingen, utawa Wesi.
Gamelan lumrahé kanggo ngiringi jogèdan, utawa kagunan pertunjukkan kaya ta wayang kulit lan kethoprak.Gamelan lumrahé kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Kagunan gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki wujud gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr ya iku jazz-gamelan kang duwé campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng kagunan gamelan ya iku ing Kraton Yogyakarta. Lumrahé dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng prangkat gamelan kang umuré wis tuwa ya iku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada memburi.


Sumber: https://id.m.wikipedia.org/wiki/Gamelan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Meneroka Tubuh

          Drama meneroka tubuh ini merupakan drama yang diadaptasi dari sebuah karya puisi dari Setia Naka Andrian dan dibawakan oleh Teater...