Rabu, 15 Januari 2020

Materi pendidikan moral kelas XII

Pendhidhikan moral



Parangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku Pupuh Kinanthi. Tembung kinanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Tembang kinanthi ngambarake bocah cilik kang ditresnani



A. Maca nanggapi, lan ngerteni tegese  Serat Wedhatama pupuh Kinanthi

Kinanthi
Marma den taberi kulup,
angulah lantiping ati,
rina wengi den anedya,
pandak - panduking pambudi,
mbengkas kahardaning  driya,
supadya dadya utami.

Tegese ing bahasa Indonesia
Padahal bekal/modal orang hidup,
Selamanya waspada dan ingat,
Ingat kepada petunjuk/contoh di alam ini,
Jadi kekuatan hidup,
supaya lepas dari kesengsaraan,
Yaitu cara pemeliharaan hidup.

Tegese ing bahasa Jawa
Mangka kanggo sanguning urip,
Selawase kudu awas lan eling,
Ing mlaku kudeh ati-ati,
Eling marang pertandani urip,
Supaya adoh sangka sangsara,
Yo ngono carane nglakoni urip.

B. Nalika guru gatra, guru lagu, guru wilangan Serat Wedhatama pupuh Kinanthi

Pupuh Kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang Kinanthi nduwur iki kawiwitan saka tembung marma tekan tembung utami
Guru gatra : 6 larik
Guru lagu : u, i, a, i, a, i.
Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8.

C. Tuladha ngarang tembang Kinanthi

Indonesia wis misuwur (8u)
Gemah ripah loh jinawi (8i)
Emane jaman saiki rusak (8a)
Akeh kang padha korupsi (8i)
Kanggo mbrantas tindak ala (8a)
Mentale direvolusi (8i)





Sumber :
Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Meneroka Tubuh

          Drama meneroka tubuh ini merupakan drama yang diadaptasi dari sebuah karya puisi dari Setia Naka Andrian dan dibawakan oleh Teater...